Pangertene Tembang Macapat
Macapat yaiku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Diarani tradhisional amarga kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Saben pada (bait) macapat nduweni baris ukara sing diarani gatra, lan saben gatra nduweni sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat tegese maca papat-papat, yaiku carane maca andhegane saben patang wanda (suku kata).
Paugerane Tembang Macapat
Tembang macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu.
Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:
- Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
- Guru wilangan yaiku cacahing Wanda ing saben gatra.
- Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning gatra.
Tembang macapat jinise ana 11. Saben jinis tembang macapat duwe paugeran dhewe-dhewe. Kanggo luwih cethane ngenani jinise tembang, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune bisa dideleng ing penjelasan ngisor iki.
Jinise Tembang Macapat
Maskumambang
| Jenenge Tembang |
Maskumambang |
| Guru Gatra |
4 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
12i, 6a, 8i, 8a |
|
Pocung
| Jenenge Tembang |
Pocung |
| Guru Gatra |
4 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
12u, 6a, 8i, 12a |
Megatruh
| Jenenge Tembang |
Megatruh |
| Guru Gatra |
5 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
12u, 8i, 8u, 8i, 8o |
Gambuh
| Jenenge Tembang |
Gambuh |
| Guru Gatra |
5 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
7u, 10u, 12i, 8u, 8o |
Mijil
| Jenenge Tembang |
Mijil |
| Guru Gatra |
6 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u |
Kinanthi
| Jenenge Tembang |
kinanthi |
| Guru Gatra |
6 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i |
Durma
| Jenenge Tembang |
Durma |
| Guru Gatra |
7 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i |
Pangkur
| Jenenge Tembang |
Pangkur |
| Guru Gatra |
7 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i |
Asmarandana
| Jenenge Tembang |
Asmarandana |
| Guru Gatra |
7 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a |
Sinom
| Jenenge Tembang |
Sinom |
| Guru Gatra |
9 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a |
Dhandhanggula
| Jenenge Tembang |
Dhandhanggula |
| Guru Gatra |
10 |
| Guru Lagu lan Guru Wilangan |
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a |
Posting Komentar