-->

"Raden Ajeng Kartini" | Contoh Teks Profil Tokoh Bahasa Jawa


Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenegane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.

Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing pasinaon piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS uga nyinaoni basa Walanda, mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani basa Walanda kanthi becik. Nanging emane, jalaran kudu dipingit. Raden Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani, piyambake wedi diarani ora ngerti adat. Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati. Kanggo nglipur ati, Kartini ngumpulake buku-buku pelajaran lan buku pengetahuan umum kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi. Saben dina pagaweane maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe.

Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging surat kabar uga diwaca. Menawa ana bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsa marang Ramane. Amarga sregep maca wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yen para wanita Eropa kuwi wes maju, pikirane maju, lan wawasane jembar. Raden Ajeng Kartini nduweni pepinginan amrih wanita Indonesia uga maju, ora mung dadi kanca wingking wae. Raden Ajeng Kartini nglumpukake kanca-kancane kanggo diwulang nulis lan maca. Ing sela-selane wektu kuwi Kartini asring nulis layang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara Walanda. Panjenegane uga nulis surat kagem Mr. J. H Abendanon supaya diparingi beasiswa kanggo sekolah menyang Walanda.

Raden Ajeng Kartini klakon oleh beasiswa, nanging emane ora dilakoni, jalaran ing wektu iku uga Kartini manut wong tuwane dinikahake karo Bupati Rembang kang sesilih Raden Adipati Joyodiningrat. Sawise krama panjenegane kudu ndherek kakunge menyang Rembang. Ing Rembang Raden Ajeng Kartini ngedegake sekolah wanita kang disengkuyung dening garwane.

Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra kakung sing diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17 September 1904 Raden Ajeng Kartini seda ing yuswa 25 taun. Ndeleng semangate Raden Ajeng Kartini, taun 1912 ing Semarang didegake Sekolah Wanita dening Yayasan Kartini sing dipimpin dening kulawarga Van Deventer. Banjur kasusul ing Surabaya, Madiun, Cirebon lan daerah-daerah liyane. Sasedane Raden Ajeng Kartini, MR. J. H. Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang kanca-kancane sing ana ing Eropa lan didadekake buku. Buku kasebut diwenehi irah-irahan "Door Duisternis Tot Light" sing tegese "Habis Gelap Terbitlah Terang".

Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhidhikane akeh sing dhuwur, pegaweane bisa sejajar karo para priya. Kabeh mau ora liya amarga kena daya semangate Raden Ajeng Kartini. Ide-ide, gegayuhan, lan semangate Raden Ajeng Kartini didadekake inspirasi, dituladha dening para wanita Indonesia supaya dadi wong pinter, pinunjul, nanging ora ninggalake kodrat kadadine wanita.