-->

Pengertian lan Struktur Teks Profil Tokoh/Biografi | Basa Jawa


Teks profil tokoh iga diarani teks biografi. Teks kasebut klebu jinise teks naratif. Teks profil tokoh utawa teks biografi nggambarake tokoh lan prastawa apa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut. Kanggo nggampangake mangerteni isine teks profil tokoh utawa biografi ana bab-bab sing kudu dijingglengi, yaiku (1) irah-irahan/judhul, (2) babagan sing narik kawigaten sing tau dialami dening tokoh, (3) tindak-tanduk, gagasan sing bisa dituladha.

Struktur teks profil tokoh utawa biografi kaya kaandharake ing ngisor iki:
  1. Orientasi yaiku bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan kulawargane.
  2. Prastawa yaiku bagean sing ngandharake kahanan, prastawa, masalah sing tau dialami nanging sing menjila lan duwe kesan mirunggan kang bisa didadekake tepa-tuladha.
  3. Reorientasi yaiku bagean panutup lan ngandharake pandhangan lan pamawase panulis marang tokoh sing dicritakake.