-->

Ciri lan Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif | Sinau Basa Jawa


Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing nggambarake obyek kanthi gamblang kan rinci.

Tujuan paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake, nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wis didheskripsekake dening penulise.

Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing dideleng, dirungu marang (tumrap) obyek tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake obyek sing diwaca.

Ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif:
  • Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya.
  • Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek sing didheskripsekake.
  • Ciri-cirine obyek diterangake kanthi gamblang lan rinci.
Struktur teks tanggapan dheskriptif:
  1. Idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.
  2. Klasifikasi/dhefinisi yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke.
  3. Dheskripsi bagean yaiku perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.